Sejarah Desa

Admin 30 April 2014 17:20:39 WIB

DUMADINE DESA KRAMBILSAWIT

 

Ing jaman mataram, wonten setunggal wanita ingkang gesang ing satunggaling wana ( hutan ). Wanita menika nggadahi asma Eyang Sawit. Eyang Sawit menika salah satunggal piyantun ingkang pisanan gesang wonten ing wana kasebat, ananging Eyang Sawit boten naming piyambak, Eyang Sawit diiringi kaliyan 2 ( kalih ) cantrik ( sahabat ) ingkang nami Jiwa Watu kaliyan Jiwa Yuda. Kekalih cantrik menika sanget patuh kaliyan Eyang Sawit ugi tansan ngancani ten pundi kemawon anggenipun Eyang Sawit mlampah.

Wonten tengah wana menika Eyang Sawit kaliyan kekalih cantrikipun damel gubug ( omah cilik ) ing sacelakipun wit Krambil. Sak sanesipun kagem panggenan sare, gubuk menika ugi dipun ginaaken kagem mesanggrah ( tapa ). Eyang Sawit piyantun ingkang sakti, saengga piyambakipun nggadahi wedal-wedal katentu kagem mesanggrah. Kagem nyekapi kabetahan gesang saben dintenipun, ketiga piyantun menika naming manfaataken menapa kemawon ingkang wonten ing wana menika.

Sak sampunipun sawetawis gesang wonten ing wana menika Eyang Sawit nggadahi inisiatif babat alas/ wana ingkang badhe dipun dadosaken lahan pertanian ugi papan pemukiman. Salajengipun Eyang Sawit kaliyan kekalih cantrikpun miwiti babat alas wonten ing sacelakipun gubug. Sak sampunipun rampung babat alas wonten ing sacelakipun gubug, eyang sawit ngendika bilih menawi wonten rejaning jaman ( kemajengan jaman ) papan menika dipun paringi nami Krambilsawit. Lajeng Eyang Sawit nglajengaken babat alas wonten ing Gunung sawetanipun, wonten ing Gunung menika sanget kathah semutipun, ananging kawontenan menika boten nyegah niat anggenipun babat alas. Karana menika, saengga Eyang Sawit maringi nami Gunung menika Gunung Semut.

Sak sampunipun rampung babat alas wonten ing sawetara panggenan, lajeng papan menika dipun manfaataken kagem lahan pertanian. Ananging pertanian menika naming gumantung toya jawah amargi boten wonten sumber toya ing sacelaakipun. Boten naming kagem pertanian, kagem nyekapi gesang saben dinten ugi naming tadah udan ngginaaken papan tadah sawontene. Salajenngipun Eyang Sawit nggadahi inisiatif damel Tlaga (danau). Tlaga menika kagem nampung toya supados saget kangge sumber toya. Eyang Sawit diiringi kekalih cantrikipun pados apan ingkang sakintenipun saget dipun damel Tlaga. Papan menika dipun panggih wonten ing sak lor lahan pertanianipun. Sak sampunipun tlaga menika dados, Eyang Sawit maring nami Tlaga Kemiri. Kanthi wontenipun Tlaga menika kabetahan toya saben dinten ugi kagem pertanian saget kacekap.

Kagem nambah lahan pertanian Eyang Sawit babat alas malih wonten ing sak kidul Gunung Semut lajeng dipun sukani nami Ngenden ugi babat alas ing sekitar Tlaga Kemiri ingkang dipun sukani nami nami Ngondel.

Sak sampunipun wana/ alas kathah ingkang sampun dados lahan pertanian, kawontenan menika miwiti dumbugine tiyang saking daerah sanes supados ndherek olah tetanen ugi mapan wonten mriku, saengga san saya dangu papan menika dados papan pemukiman. Eyang Sawit piyantun ingkang Sakti ugi pinter, saengga kathah warga masyarakat ingkang dados muridipun. Ananging sak dangunipun gesang ing Krambilsawit, Eyang Sawit boten nggadahi garwa lan keturunan.

Sak sampunipun dangu gesang wonten ing Krambilsawit, babat alas sampun rampung ugi warga masyarakat sampun tambah kathah, dumadakan Eyang Sawit ngilang saking papan menika ananging Jiwa Yuda kaliyan Jiwa Watu boten ndherek kesahipun Eyang Sawit. Kejawi menika Jiwa Yuda, Jiwa Watu ugi masyarakat boten wonten ingkang mangertos wonten pundi anggenipun kesah Eyang Sawit.