Profil Wilayah Desa

Admin 25 Februari 2020 13:34:46 WIB

GEGAMBARAN DESA KRAMBILSAWIT

 

A. Kawontenan Alam lan Pasiten

Desa Krambilsawit inggih punika satunggaling Desa ingkang mlebet wewengkon Kecamatan Saptosari Kabupaten Gunungkidul ingkang dumunung ing sisih iring kidul tlatah Gunungkidul. Tapel wates bumi Krambilsawit inggih punika :

  1. Sisih Ler tapel wates bumi Desa Ngloro
  2. Sisih Wetan tapel wates bumi Desa Kanigoro
  3. Sisih kidul tapel wates Samudra Hindia
  4. Sisih kilen tapel wates bumi Desa Girikarta Kecamatan Panggang

Desa Krambilsawit mujudaken satunggaling tlatah ingkang angadhahi tata peprentahan ingkang sah lan sampun dipun akeni dening Pemerintah Pusat. Desa mujudaken peprentahan ingkang anggadhahi :

  1. Wilayah hukum kanthi tapel wates ingkang gumathok.
  2. Wonten warga ingkang mapan wonten tlatah/wilayah hukum ingkang mujudaken satunggaling kelompok masyarakat.
  3. Wonten tatacara/adat tumrap gesang sesrawungan antawisipun warga ing wilayah wau ingkang mujudaken satunggaling prenatan.
  4. Sampun jumbuh kaliyan paugeraning negari lan dados peranganing negari ingkang mboten saget kapisahaken.
  5. Bab – bab sanesipun.

Runtut kaliyan paugeran nagari, pemerintah desa utawi kalurahan nglampahi prenatan pusat lan daerah. Ingkang mekaten bebadan lan lembaga ingkang ngesuhi dhusun ugi sesebatanipun ndherek prenatan ingkang wonten.

Kawontenaning pasiten ing Desa Krambilsawit mujudaken pasiten campuran. Wonten siti-siti loh tegal, pekawisan, pereng-pereng gunung lan sanes-sanesipun. Ing papan ingkang miring kathah sela-sela(=watu) ingkang saget dipun ginakaken mawerni-werni kabetahaning tiyang, dene papan-papan lebak/raden/dhatar, kathah pinanggih papan loh lan sanes-sanesipun.

Panguawaosaning siti ing Desa Krambilsawit saget kapara-para, kadosta :

  1. Siti ingkang dipun kuwaosi dening pamarintah kalurahan inggih punika siti-siti kas Desa, lenggah pamong, pengarem-arem.
  2. Siti ingkang dipun dadosaken hak milik perorangan run temurun.
  3. Siti kagungan Dalem Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat.

Wiyaring tlatah Desa Krambilsawit wonten 14.488.160 Ha. Tebih caketing papan paprintahan Desa Krambilsawit dumugi Kantor Kecamatan Saptosari 8 KM, Kantor Kabupaten 28 KM saha Kantor Pemerintah D.I.Yogyakarta 46 KM.

 

B. Wewengkon Padhukuhan

Desa Krambilsawit mengkoni 9 ( Sanga ) pedhukuhan ingkang dumados saking :

  1. Pedhukuhan Nyemuh
  2. Pedhukuhan Pringwulung
  3. Pedhukuhan Sawah
  4. Pedhukuhan Bendo
  5. Pedhukuhan Ngondel Kulon
  6. Pedhukuhan Ngondel Wetan
  7. Pedhukuhan Bibis
  8. Pedhukuhan Karanggunung
  9. Padhukuhan Bedalo

Pangaribawa masyarakat tumrap lingkungan sanget ageng, semanten ugi tata tertibing lingkungan saget handayani tata tentreming masyarakat.

Awit ingkang mekaten wau antawisipun lingkungan lan masyarakat mboten saget kapisahaken, karana kekalihipun tansah manunggal. Menawi katiti sakeplasan, masyarakat Desa Krambilsawit sampun kabage bage dados 9 kelompok masyarakat ingkang satunggal lan satunggaling mboten sami.

Kersanipun pemerintah ngawontenaken pedhukuhan-pedhukuhan punika mboten kangge benten-bentenaken satunggaling kelompok masyarakat kaliyan kelompok masyarakat sanesipun, ing babagan punika kaajab kanthi wontenipun pedhukuhan-pedhukuhan kala wau sagedah ngrancanakaken lampahing roda peprentahan wiwit pusat ngantos dumugi kelompok-kelompok masyarakat ingkang alit piyambak. Pramila dhukuh anggadhahi tugas lan kewajiban paring keterangan lan nuntun masyarakat tumuju dhumateng manunggaling sedya, hamemayu hayuning bawana, luhuring budaya santosaning agama, bangsa lan negara. Kanthi mekaten saget langkung terwaca, bilih kawontenaning lingkungan lan masyarakat ing Kalurahan Krambilsawit naming satunggal, inggih punika lingkungan lan masyarakat Krambilsawit.

Warga Desa Krambilsawit tansah ngleluri budaya adiluhung tilaranipun para leluhur ing kina pinangka ngormati labuh labet bekti lan amanah ingkang dados piwucal luhur para sepuh.

Sesambetan memitran warga satunggal lan sanesipun tansah nggegulang raos kurmat kinurmatan, andhap asor, lung tinulung, gotong royong, asah asih lan asuh. Agami minangka piandel gesang dados landhesan, pepager, pepadhang, pengayom lan pengayem, panuntun kiblating panembah dhumateng Ingkang Maha Wikan Allah SWT.